CRITA RAKYAT


Crita rakyat lan dongeng kuwi crita kang sumrambah lan sumebar ing bebrayan utawa masyarakat kanthi cara dicritakake kanthi lisan. Lumrahe saka wong tuwa, simbah, bapak, lan ibu menyang anak-putune. Crita rakyat lan dongeng kuwi saka isine lan paragane bisa dibedakake kaya mangkene, paragane kewan (fabel), bisa dihubung-hubungake karo sejarah (sage), kapitayan utawa gugon tuhon (mitos), uga dumadine sawenehing panggonan lan prastawa (legendha) liyane.

STRUKTUR TEKS CRITA RAKYAT
Sawise mangerteni tegese crita rakyat, saiki coba disinaoni strukture utawa urut-urutane crita/struktur teks kaya katerangake ing ngisor iki.
  1. Orientasi, ana ing paragraf kang nepungake paraga-paraga ing teks, panggonan kanthi njlentrehake titikane.
  2. Komplikasi, ana ing paragraf kang njlentrehake ana prastawa, prakara kang dadi underan crita.
  3. Klimaks, bisa katitik saka paragraf kang njlentrehake prastawa lan prakara-prakara ing teks kasebut dadi ruwet banget lan nyedhake nemokake dudutan utawa nemokake cara kanggo ngudhari prakara kang ruwet.
  4. Resolusi, katitik ing paragraf kang njlentrehake dalan/cara kang dipilih kanggo ngudhari reruwet, bisa ndadekake apik (happy ending) bisa uga ndadekake elek (sad ending).
  5. Koda/amanat, njlentrehake  dudutan (kesimpulan), lan nilai budi pekerti umum kang bisa dituladha.

WUJUDE TEKS CRITA RAKYAT
  1. Teks crita rakyat kalebu teks narasi. Wujude teks narasi bisa dideleng saka perangan wewangunane utawa struktur sing bisa mangun teks lan perangan basa kang dumadi saka panganggone tembung lan ukara.
  2. Struktur teks narasi dumadi orientasi, komplikasi, klimaks, resolusi, reorientasi, lan koda/amanat.
  3. Unsur bahasa, wujud basane teks narasi rupa tembunge, ukarane, lan wangune paragraf. Ing kalodhangan iki bakal ngrembug mligi ngenani wangune ukara lamba lan ukara camboran, panganggone ukara langsung lan ukara ora langsung, lan  uga unggah-ungguh basa.
  4. Tujuan panulisan lan pamacan teks narasi kuwi kanggo panglipur sing bisa dijupuk pesan moral/nilai budi pekerti, lan hikmahe.
  5. Fungsi teks narasi saliyane wujud medhar gagasan lan ide, uga kanggo warisake nilai budi pekarti luhur.

BUDI PEKERTI LAN RELEVANSI CRITA
Saben crita rakyat kuwi minangka sarana kanggo marisake nilai budi pekerti luhur marang generasi sateruse.
  1. Nilai budi pekerti/pesan moral Nilai budi pekerti utawa pesan moral bisa dijupuk saka isine teks kanthi njingglengi watak lan perilakune paraga ing teks. Tuladhane: tanggungjawabe Patih Sidapaksa ngayahi kewajiban,  tanggung-jawabe Sritanjung anggone ngugemi kejujurane, rasa hormate Sritajung marang Sidapaksa, tulung-tinulung antarane Sritanjung lan Patih Sidapaksa nalika kudu ngayahi kewajiban. Nilai budi pekerti sing tetep kudu diugemi yaiku yen ta kadurakan mesthi bisa dikalahake karo kebecikan, sapa salah mesthi kudu seleh, becik ketitik ala ketara, lan  ngundhuh wohing pekerti.
  2. Relevansi isi cerita karo kahanan jaman saiki:  Teks crita rakyat /legendha ing dhuwur mung salah siji saka maewu-ewu crita sing isih ngrembaka ing satengahing masyarakat Jawa. Yen kawawas saka jaman saiki, prastawa kaya ing teks dhuwur kuwi bisa ditemoni ing sakiwa-tengene panguripan. Wong sing mung mburu senenge dhewe kaya Prabu Sila Hadikrama kang sipate dumeh sugih, dumeh jabatane dhuwur, tumindak sakarepe dhewe tanpa ngelingi panandhange liyan. Sifate Patih Sidapaksa butarepan/cemburu ing babagan apa bae bisa ndadekake ruwet, kisruh, memala, uga bebanten. (*)

Sugeng angudi ngelmu!

Komentar