Geguritan utawa guritan iku puisi Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran kang wis tertamtu. Saengga geguritan iku kena diarani puisi bebas. Ora kaiket paugeran utawa bebas tegese nalika penggurit gawe geguritan ora perlu migatekake guru gatra, guru wilangan, guru lagu kaya ing puisi klasik utawa tembang. Sajrone geguritan biyasane migunakake basa prenesan kanggo nggayuh kaendahan, umpamane nggunakake purwakanthi, basa kawi, dasanama, lan liya-liyane. Geguritan duwe titikan kaya mangkene.
- Geguritan ora kaiket paugeran utamane guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
- Tembung kang digunakake dipilih saengga luwih nengenake isi sanajan tembung iku ngemu pralambang utawa simbol kang luwat.
- Murih duwe kaendahan basa kang dhuwur migunakake purwakanthi utamane purwakanthi guru swara.
- Geguritan lumrahe isi bab piwulang, piweling, kritik, protes, panggresah, panyuwun, lan liya-liyane.
PANEMU PARA LEBDA
Tembung geguritan asale saka tembung gurit kang ateges gubah, karang, sadur. Yen ing kamus umum Bahasa Indonesia diterangake geguritan iku asale saka tembung gurit kang ateges sajak utawa syair (Poerwadarminta,1986: 161).
Miturut Hadiwijaya (1967: 129), geguritan yaiku golongane sastra kang edi (puisi) cengkok anyar, wedharing rasa edi, kalair basa kang laras runtut karo edining rasa, nanging ora usah kecancang ing pathokan-pathokan, wilangan, dhong-dhing kang tetep tinamtu, beda banget karo sipate tembang macapat lan sapanunggale.
Wondene miturut Subalidinata (1999), geguritan yaiku : iketane basa kang memper syair, mula ana kang ngarani syair Jawa gagrag anyar.
Dudutan: geguritan yaiku jenise puisi Jawa gagrag anyar sing panulise ora kaiket dening paugeran-paugeran kaya ing tembang macapat (yaiku anane guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu), nanging tetep ngugemi kaendahan.
SEJARAH GEGURITAN
Ing jagading sastra Jawa gagrag anyar, geguritan kang sepisanan lahir taun 1941 kanthi irah-irahan Dayaning Sastra anggitane R. Intoyo kang kamot ing majalah Kejawen No 26, 1 April 1941. Geguritan mau wujude soneta amarga kena pengaruh puisi Indonesia kang wektu kuwi banget anggone nyenengi soneta. R. Intoyo iku sejatine penyair sastra Indonesia kalebu angkatan Pujangga Baru. Amarga ngenalake wujud soneta ing puisi Jawa, mula dheweke dijuluki Bapak Soneta Sastra Jawa.
STUKTUR TEKS GEGURITAN
Puisi Jawa gagrag anyar (sabanjure aran geguritan), panulise bebas. Tegese ora kaiket dening aturan tartamtu. Ewa semono isih tetep ngugemi ananing rasa kaendahan. Endahe geguritan dumunung ana ing pilihan tembung pantes, mentes, lan mantesi.
TITIKANE BASA TEKS GEGURITAN
Pilihane tembung kang endah, mentes lan mantesi, upamane: ”tawon lan kupu rebutan madu”. Sing ateges tawon lan kupu genti-genten menclok ing kembang ngisep madu, lan sapanunggalane. Migunakake tembung Kawi, upamane: ”kae papane kawruh lungit”. Tembung lungit iku tembung kawi, ateges linuwih, rumit, lan endah. Rinakit kanthi tipografi kang cundhuk karo isi, pesan moral, lan gagasan kang diwedharake. Nggunakake wirama lan basa rinengga.
PESAN MORAL LAN RELEVANSI ISI
Supaya bisa mangerteni isine geguritan, ana bab-bab sing kudu digatekake:
- Negesi tetembungan sing angel ing geguritan iku, yen kangelan negesi tembung-tembung kawi, bisa digoleki ing bausastra utawa kamus.
- Mahami maknane tulisan ing saben-saben gatra utawa larik lan nulis ing sawijing ukara.
- Nggathukake maknane ing antarane gatra siji lan sijine sing wis katulis ing ukara.
- Nggoleki dudutan saka pokok pikiran sing kinandhut ing geguritan mau.
- Nulis ukara sing dadi gagasan bakuning geguritan.
- Saka gagasan baku mau bisa disimpulake gagasan baku sing paling wigati kang mujudake pesan moral utawa amanah sing kinandhut ing geguritan mau.
Gatekna geguritan iki!
TAMAN
Dening : J.F.X. Hoery
Ing taman Ing taman anakku
Tawon lan kupu rebutan madu
Kinjeng lan kombang rebutan kembang
Angin esuk ngerog ebun ing pucuking kudhup
Kekedhering kinjeng lan kupu
Aja nganti mbokincup Sawangen wae
Kupu ing taman Ing taman
Ing taman anakku
Kupu lan kinjeng isih kapiadreng
Tawon lan kombang ngenam panandhang
Madu lan kembang ninggal kudhup esuk
Mega-mega putih gegojegan mapag angin sore
Aja mbokguyu dheweke
Sawangen Ing biruning langit
Kae papane kawruh lungit
Lan ing kana uga aku titip
Geguritan kang dakrakit.
Padangan-Bojonegoro, 1986, Jayabaya, No. 28 tgl. 9 Maret 1986
Geguritan gagrag anyar ”Taman” ngandhut nilai moral kudu njaga kaendahaning taman utawa alam. Geguritan gagrag anyar ”Taman” isine isih akeh tinemu nganti saiki, upamane ing Kutha Surabaya tansaya akeh taman kang dibangun kanggo nglestarekake lingkungan.
TATA CARA NULIS GEGURITAN
Kanggo nggampangake ajar nulis guritan dakandharake trap-trapan kaya kang kacetha kaya mangkene.
- Nemtokake tema apa kang bakal katulis ing guritan. Kanthi anane tema kang wis katemtokake kita bakal nduweni pathokan lan pikiran ora dadi ngambra – ambra.
- Ngumpulake tetembungan kang ana sesambungane karo tema kang ditemtokake. Upamane tema kang kita temtokake ngenani bab panyuwune murid marang guru.
- Ngrakit frase adhedhasar tetembungan kang wus dikumpulake.
- Adhedhasar langkah 1,2 lan 3 ing ndhuwur kita bisa ngrakit guritan.
TATA CARA MACA GEGURITAN
Tata cara maca geguritan kaya mangkene.
- Geguritan kudu wis ditemokake struktur lair lan batine.
- Geguritan diwaca kaping loro.
- Geguritan diwenehi tandha pamaca utawa andhegan.
- Kanggo gladhen, geguritan diwaca manut tandha pamaca lan andhegan.
Komentar
Posting Komentar