Ora ana struktur kang gumathok kanggone tembang kreasi. Teks
tembang kreasi strukture bebas, nanging wujude tembang dumati saka titi laras
lan cakepan.
1.
Titi laras yen ana ing istilah seni musik
saemper karo tangga nada. Asale saka tembung titi kang ateges
angka, tulis, notasi, utawa lambang lan Laras tegese susunan
nada. Dadi titi laras iku notasi tulis, huruf, angka utawa lambang kang
nuduhake laras tartamtu. Titi laras, utawa cukup diucapake laras, kaperang dadi
loro slendro lan pelog.
a) Laras
slendro, swasana sing diasilake: gumbira, seneng, entheng, lan bisa
dirasakake luwih rame (biasane kanggo ngiringi adegan paprangan, gelut, utawa
nalika ana adegan baris). Laras slendro yen digunakake kanggo ngiringi swasana
sing sedhih, nelangsa, lan romantis nggunakake laras slendro miring (tegese
sing penganggone ora pas karo nada-nadane). Laras slendro nduweni nada cacahe
ana 5, yaiku: 1-2-3-5-6 (waca: ji-ro-lu-ma-nem).
b) Laras
pelog, swasana sing diasilake gagah, agung/gedhe, kramat lan sakral
(biasane kanggo adegan paseban agung, mlebune raja menyang sanggar pamujan,
adegan nesu, lan sapanunggalane nggunakake pelog nem). Larasen digunakake
kanggo swasana kang gumbira, seneng, entheng, lan grapyak nggunakake laras
pelog barang. Laras pelog nduweni nada cacahe ana 7, yaiku: 1-2-3-4-5-6-7
(waca: ji-ro-lu-pat-ma-nem-pi).
2.
Cakepan yaiku naskah, teks, utawa syaire tembang
kreasi. Cakepan tembang iki sejatine ora beda karo wangun geguritan kang banjur
dilagokake.
3.
Ngelmu utawa kawruh, mujudake kawruh
utawa ngelmu sing pengin diandharake dening pangripta lumantar lelagon sing
diripta.
4. Rasa kaendahan, mujudake unsur sing ora
kena ditinggalake jroning karya sastra kayata: pamilihing tembung, penganggone
purwakanthi, wirama, lan sapanunggalane.
5.
Nilai-nilai kautaman, mujudake piwulang
becik utawa pesen moral (amanat)
kang kinandhut jroning lelagon.


Komentar
Posting Komentar