Tembang macapat yaiku salah siji jinise tembang ing kasusastran Jawa. Tembang macapat uga diarani tembang cilik kang cacahe ana sewelas. Mula bukane diarani macapat, yaiku carane maca papat-papat utawa macane ’cepat-cepat’. Macane tembang macapat kang nganggo paugeran papat-papat iku kudu dilarasake karo paugerane pamedhote gatra tembang supaya bisa ngatur anggone unjal napas.
SASMITA, WATAK, LAN PANGANNGGONE TEMBANG MACAPAT
Saliyane paugeran tembang macapat arupa guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, tembang macapat uga nduweni sasmita watak, lan panganggo sing wis gumathok.
No
|
Tembang
|
Sasmita
|
Watak
|
Pangganggone
|
1
|
Kinanthi
|
kinanthi, kanthi, gandheng, kanthil
|
seneng, asih, lan tresna
|
medharake piwulang crita kang ngemu rasa asmara lan gandrung-gandrung
|
2
|
Pucung
|
pucung, kaluwak, wanda ‘cung’
|
kendho lan tanpa greget saut
|
crita kang mung sakepenake dhewe lan tanpa kamempengan
|
3
|
Asmarandana
|
asmaradana, asmara, brangta, kingkin, yungyun
|
sengsem, sedhih, lan prihatin amarga ketaman rasa asmara
|
crita kang medharake asmara
|
4
|
Mijil
|
mijil, pamijil, wijil, wiyos, raras, medal, sulastri
|
wedharing rasa
|
medharake pitutur, nanging uga kena kanggo crita gandrungan
|
5
|
Maskumambang
|
maskumambang, kampul, mas kentir, kambang, kentir
|
nelangsa
|
medharake rasa-pangrasa kang ngeres, nggreges, lan nelangsa kang karanta-ranta
|
6
|
Pangkur
|
pangkur, wuntat, pungkur, ungkur, yudakenaka, ungkur
|
sereng
|
pitutur kang asipat sereng, kanggone gandrung kang asipat sereng yaiku gandrung-gandrung kapirangu, uga crita perang
|
7
|
Sinom
|
sinom, taruna, anom, weni, nom, srinata, pamase, logondhang, rema, pangrawit, mudha
|
grapyak lan renyah
|
sesorah lan mituturi
|
8
|
Dhandhanggula
|
sarkara, hartati, dhandhang, madu, manis, sari, bremana, guladrawa, gagak, kaga, tresna
|
luwes lan resep
|
bebuka medharake piwulang, gandrungan, lan kanggo panutupe karangan kang sinawung ing tembang macapat ( asipat luwes)
|
9
|
Durma
|
durma, dur, undur, sirna, galak
|
muntab
|
medharake rasaning ati kang nepsu lan crita perang
|
10
|
Gambuh
|
gambuh, buh, jumbuh, tambuh
|
rumaket lan kulina
|
medharake pitutur kang rada sereng amarga wis keduga
|
11
|
Megatruh
|
dudukwuluh, truh, megatruh, pegat, duduk, wuluh, luh
|
sedhih utawa kingkin kaworan nglokro
|
medharake rasa gegetun, nelangsa, lan keranta-ranta
|
NULIS TEMBANG MACAPAT
Tata panulise tembang macapat iku kudu ngugemi paugeran, yaiku guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra. Kejaba paugeran kasebut, supaya bisa nulis tembang macapat kanthi becik uga kudu nggatekake tembung-tembung kang dadi sasmitaning tembang lan uga wewatakane tembang macapat. Kanthi paugeran guru gatra, guru wilangan, guru lagu, sasmita tembang, lan watak tembang, kita bisa nulis tembang macapat. Carane nulis tembang macapat supaya luwih gampang kanthi urutan kaya mengkene:
- Temtokna lan tulisen ngenani gagasan apa sing arep kokgawe tembang, saengga bisa mangerteni wewatakane.
- Temtokna tembang apa sing arep kokgawe.
- Tulisen guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune.
- Nggawea ukara-ukara kang salaras karo paugerane tembang.
- Tlitinen maneh tembung-tembunge, lan ukara-ukara kang kokgawe mau kudu cocok karo paugerane tembang sing kokgawe.
NGGANCARAKE TEMBANG MACAPAT
Wewujudane tembang macapat iku saemper karo geguritan, yaiku awujud puisi. Tembang macapat uga kaiket dening paugeran, guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra. Tuladhane wewujudane tembang macapat, yaiku wenang nggunakake baliswara lan dayasastra. Mula wujude ora kaya lumrahe reriptan sastra kang awujud gancaran. Ukara sajrone gancaran iku, polane kang baku dumadi saka jejer lan wasesa. Saengga, cara kanggo mangerteni isine kudu digancarake luwih dhisik. Cara nggancarake tembang macapat iki ing kasusastran Indonesia sinebut parafrase. Tatacarane kaya mangkene.
- Ukara-ukara kang iketane nggunakake baliswara kudu diwudhari luwih dhisik dadi ukara gancaran
- Tembung-tembung kawi ditegesi kanthi disalini tembung lumrah utawa basa saben dina.
- Yen ana tembung garba utawa sandhi, mula kudu diwudhari.
- Samangsa perlu, kena nyuda utawa ngimbuhi tembung kanggo nglarasake ukara.
Sugeng angudi ngelmu!
Komentar
Posting Komentar